Minggu, 27 November 2016

Diuber Celeng

Sore-sore mari mulih angon, Bunali pethuk ambek Brudin.(Wis gek ndhang ngguyu, ra sah ditahan-tahan ndhak kepuyuh ngko...:) )

 
”Waras ta !! ” jare Brudin ndhik Bunali.
 
”Waduh dino iki aku meh mati disruduk celeng ” jare Bunali.
 
”Lho kok isok ngono, yok opo ceritone ?” jare Brudin.
 
”Mau awan iku aku pethuk celeng, terus tak garai, tak kileni ambek
 
pring dhadhak nguamuk. Aku diuber-uber katene disrudhuk, untunge iku
 
celenge bolak-balik tibo kepleset, dhadhi aku sempet menek wit klopo”.
 
jare Bunali.
 
”Waduh cik sereme, lek aku sing ngalami wis pucet kepuyuh-puyuh gak
 
karuan” jare Brudin.
 
”Lho, aku iyo ngono, kon pikir celenge kepleset opo ?”